Sabtu, 26 November 2011

Zaman Saiki uwong podo sok Suogeh.,-


Capek dech capek dech. Ngomong zaman saiki pancen kudu nggae internet. Jaan, sopo ae sing ngomong terus omongane gak onok nang internet mesti ora ono sing nggubris, bayangno wae dulur, 5 teko songolas menungso nang jowo  iku uwong uwong sing omongane diperhatekno.  Ngeseli sakjane, tapi buktine ayo delok bareng-bareng langsung nang NKP [Nggon Kejadian Perkoro]. Jenenge ae Nggon Kejadian Perkoro, mesti isine perkoro tok. Mosok zaman saiki kabeh hape podo touchscreen, utowo layar sentuh, bayangno, nek sedino ae iso nggosok layar hape ping piro?? Nach seumpomo limang taun dienggo nggosok layar hape lak bundel drijine karek separuh, lak pas ora iso nyogok upel, bayangno ae. Nek jare koncoku se de’e arep golek hape injekscreen, dadi ora layar sentuh, tapi layar jejeg. Iki ae sek ngomongno perkorone hape, during ngomongno jejaring social. Aduch ngeseli wae, onok jejaring social isine gor sayangsayangan gak mesra, nek ndhisek nang radio titip salam, bah sing disalami ngrungokno opo ora yo ora ngurus… nek nang jejaring social ngomong kangen nang pasangane, tapi sing komen pasangane uwong liyo wes numplek. Ojok sampek sing dikangeni moco statuse, durung limang menit ae status wes diganti karo kalimat patah hati. Anjing-anjing facebook wes akeh sing njenggong,”Guk guk kenapa se cantik? Curhat dunk”, onok maneh,” guk aku akan guk selalu guk menemani guk guk setiap guk saat guk dimanapun guk guk kapanpun guk guk demi guk guk kamu guk guk aku guk pun rela”. Onok maneh kejadian perkoro nang lagu, mulai dasar kau keong racun sing isine ngono iku akeh sing nyanyi, termasuk aku iki, maringono onok lagu chaya chaya, masio gak ngerti artine naming isih ae diwoco. Sopo ngerti artine chaya iku ***sensor***, berarti nek nyanyi chaya chaya kan wes peng loro, pomaneh chaya chaya dinyanyikno sak ambreg amargo cuman lirik kui sing diapal. Mending lagu udin, jelas artine, tapi onok sapiudin dilebokno, jaaaaaan udin yang paling dhowo untune, long or udin. Sek kacek sedilut onok nyanyian tas metu lirike wes cenat-cenut. Kongkon gak akeh lare wadhon stress, lha wong kabeh cah wadhon ben nyanyi cenat-cenut sing didhisekno..

Wes, mblutak utekku ngomongno kui, durung ngomongno presiden Indonesia.  Nek bangga dadi warga Indo se aku bangga tapi nek dadi wargane *** aku sek piker-pikir.

Kesimpulane : Ngoooooooooooooooooooooooooook.,-

Tidak ada komentar:

Pengunjung AgaSta Gantheng

free counters

Entri Populer Blog Ini